Wong sing wadahe ombo kui iso nompo perbedaan. Cirine wong sing wadahe ombo utowo sing luas ilmune kui ora gampang ngamuk'an lan nyalahno liyan.
Yen awakmu isih gampang nesu, isih gampang kagetan, isih gampang gak trimo yen ono pendapat bedo, kui tandane wadahmu kurang ombo. Wadahmu isih cilik, dadi gak iso ngadahi, gak iso mlebu lan dadine kutah, makane isih gampang ngamuk'an.
Tapi yen tambah gede wadahe, luas wadahe, bedo gagasan bakal iso masuk lan iso memaklumi. Memaklumi kui ora mesti setuju lan mengikuti.
Memaklumi mergo cara berpikire bedo. Maklum mergo pendapate dasare bedo, dadi gak gampang ngamuk soale iso memahami.
Yen ono wong sing isih gampang ngamuk'an, iku tandane isih kudu sinau urip maneh.
Wong sing ngerti kui ngadohi debat, debat kui sing menang mung Ego, sing menang mung dajjale, sing kalah bakal tatu atine lan nambah musuhe.
Wong sing ngerti kui luwih seneng diskusi golek solusi, rembugan nganggo ati golek dalan apik. Win Win Solution.
Wong pinter kui durung tentu Ngerti, yen wong ngerti pasti pinter. Wong apik kui durung tentu Sadar, yen wong sadar kui pasti apik. Mulo kui dadio wong sing NGERTI lan SADAR.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar